“Weather Information Display” Dipasang nang Surabaya

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 23 Jan 2019 10:34 WIB

“Weather Information Display” Dipasang nang Surabaya

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Pemerintah Kota Surabaya, lewat Dinas Perhubungan (Dishub) nambah tiga alat canggih Weather Information Display (WID) nang tiga lokasi pesisir pantai Kota Surabaya. Sunoto, Kepala Seksi (kasi) Angkutan Perairan, Udara, Rel, Barang dan Tidak Bermotor njelasno tambahan WID tahun 2019 katene didelek nang wilayah Gunung Anyar Tambak, Wonorejo lan Kenjeran. "Tahun 2018 awak dewe wes masang 3 WID nang pesisir Kenjeran, yoiku Tambak Labuh Sontoh Laut, Taman Suroboyo lan nang Area Masjid Al Mabrur, Kelurahan Kedung Cowek. Kenjeran saiki kan duowo, tahun iki Kenjeran kape ditambah siji maneh," pungkasane, Rabu (23/1). Penambahan WID direncanakno terus bertambah nang sepanjang pesisir Surabaya. Noto, celukan akrabe, njelasno WID berfungsi gawe ngekei informasi cuaca nang sekitar pantai. Dee ngomong, nganti saiki WID ancen gurung ngekei informasi secara global, koyok sing dibutuhno nelayan. "Lek gawe informasi secara global teko BMKG, gawe WID iki info sekitar pantai, lek gawe area njobo kudu BMKG. Tapi awak dewe upayakno pengembanganne, termasuk gawe penambahan informasi deteksi dini gelombang tinggi lan bencana tsunami," tambahane. Mbasio ngunu, WID iki sek isok dadi patokan nelayan nang pesisir pantai sing katene berlayar. Terlebih mereka sing gak isok ndelok informasi BMKG lewat media sosial. "Onok beberapa nelayan gak isok entuk informasi teko media sosial, iki pentinge display gawe mereka sing gak isok entuk info teko media sosial," jare Noto. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU