Warga Nerimo Kalender Edukasi DBD

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 22 Jan 2019 11:18 WIB

Warga Nerimo Kalender Edukasi DBD

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Universitas Muhammadiyah Surabaya ngekei edukasi terkait pencegahan demam berdarah. Ket teko tindakan nyata kerja bakti nganti mbagikno kalender edukasi dadi pengingat pencegahan demam berdarah. Choirotul Amaliah (23), ketua kegiatan sing temane yoiku Gerakan Partisipatif Warga untuk Tindakan Preventif Demam Berdarah, ngungkapno edukasi ngekei warga terkait demam berdarah, meliputi penyakit demam berdarah iku opo, media penularanne opo lan pencegahanne. "Selama enem minggu ngejak warga lomba kebersihan, mbiasakno kebersihan awak dewe edukasi nganti ngadakno lomba bersama RW 1 dan RW 8 soale identik lingkungan padet lan kumuh," pungkasane. Selain ngekei edukasi dalam bentuk materi, para mahasiswa NERS Fakultas Ilmu Kesehatan UMSurabaya iki ngelakoni kerjabakti bersama. Lia, celukane arek iku, ndelok kondisi got omah warga cukup kotor lan akeh tumbuhan. "Akeh sing mampet soale warga jarang kerja bakti. Sampah onok panggone, tapi akeh sing jek kececer. Pas awak dewe biasakno kerja bakti kudu kerja ekstra soale awk dewe gali got gawe kelancaran," jarene. Dee yo kepingin, karo aksi nyata mahasiswa nang kampung katene nggugah semangat warga gawe njogo kebersihan kampunge. Sisan isok terhindar teko demam berdarah. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU