Warga Kampung Mojo Rintis Pesenan Sego Kotak lewat PKK

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 16 Jan 2019 11:21 WIB

Warga Kampung Mojo Rintis Pesenan Sego Kotak lewat PKK

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Bermimpi dadi kampung unggulan, warga kampung Kedung Tarukan Baru 4C merintis produk khas kampunge. Diinisiasi Titik Utami sing merupakan Kader PKK, kampung iki jek ket nggae produk jenenge UKM Garuda 6. "Awale awak dewe nggae kue kering, tapi yo musiman lek onok sing pesen," jare Titik, Senin (14/1) Kue iki digae bersama ambek warga, nggawe tambahan godong katuk utowo godong kelor. Tapi, soale sifate sing musiman, produk UKM iki beralih dadi sego kotak sisan gae melayani pesenan. "Aku wes gae berbagai strategi, lauk pauke gae bersama-sama utowo dibagi, ben lauk bedo wong. Tapi gak onok sing pas," jare Titik. Saiki, pesenan sego kotak iku, jarene, isok diproduksi karo ben kader PKK. Dadine, pesenan UKM isok disalurno nang akeh kader PKK lan dadi penghasilan tambahan warga. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU