Waduh, Bawaslu Nemukno Akeh Pelanggaran Reses DPRD Surabaya

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 08 Nov 2018 11:34 WIB

Waduh, Bawaslu Nemukno Akeh Pelanggaran Reses DPRD Surabaya

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Badan Pengawas Pemilu nemukno onok sejumlah pelanggaran pelaksanaan reses anggota DPRD Kota Surabaya seng dimanfaatno gae keperluan kampanye menjelang Pemilihan Legislatif 2019. "Onok laporan hasil teko investigasi petugas Panwascam (Panitia Pengawas Kecamatan) ditemukno sejumlah pelanggaran reses anggota dewan. Nanging awakdewe jek mendalami maneh," jarene Badan Pengawas Pemilu (Bawaslu), Hadi Margo, Kamis (8/11/2018). Jarene Hadi, onok petugas Panwascam nang kawasan Gunung Anyar seng bertugas ngelakoni pengamatan pas onok pelaksanaan reses, nanging sempat diusir karo warga setempat. "Jarene onok seng ngomong reses kok diawasi lan dijaluki petugas panwascam ninggalno panggon reses," jarene. Petugas Panwascam iku gak ngereken mergo pengawasane termasuk bagian teko tugase. Pas ditakoki sopo anggota dewan seng ngelakoni pelanggaran iku, Hadi Margo emmoh ngomong mergo pihake jek ngumpulno bukti-bukti pendukung gae diproses masalahe. Nanging, jare dee, pas waktune petugas Panwascam nakokno tentang kegiatan reses onok seng ngomong gae rapat internal partai lan ngumpulno saksi-saksi Pileg 2019. "Awakdewe gurung nemukno brosur utowo pamflet berupa ajakan gae nyoblos caleg pas Pileg 2019. Iki seng kadang-kadang nggarai awakdewe kangelan gae ngumpulno bukti," katanya. Mbasio ngunu, lanjut dia, pihake ngandani gae kabeh Panwascam sak - Surabaya gae ngekei laporan atas pantauane terkait kegiatan reses anggota DPRD Surabaya seng buyar pas tanggal 7 November ini. Hadi ngomong lek bentuk pelanggaran nang pertemuan reses iku gak mek dilakoni anggota dewan. Lek seng gowo acara nang kegiatan terkait ngarahno nang ajakan gawe milih anggota dewan seng bersangkutan nang pemilu yop isok melbu nang kategori pelanggaran. "Lek isok diajak teko seng nggowo acara mlebu dugaan pelanggaran. Dadine si pembuat acara isok awakdewe celuk gae klarifikasi," pungkasane. alq

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU