Upaya Polres Pelabuhan Tanjung Perak Ngentuk’i Predikat WBK

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 06 Des 2018 11:53 WIB

Upaya Polres Pelabuhan Tanjung Perak Ngentuk’i Predikat WBK

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Polres Pelabuhan Tanjung Perak Surabaya berupaya ningkatno pelayanan publik lan ngapiki diri sebagai komitmen menuju Pembangunan Zona Integritas (ZI) dadi Wilayah Bebas Korupsi (WBK) lan Wilayah Birokrasi Bersih lan Melayani (WBBM). Kapolres Pelabuhan Tanjung Perak AKBP Antonius Agus Rahmanto ngomong, Polres Tanjung Perak dadi siji teko 27 polres seng wes diajukno Polda Jawa Timur. Pihake optimistis lek isok ngentuki predikat iku taun ngarep. "Sekitar 2016 biyen, awak dewe yo tau ngajukno, tapi Gurung berhasil entuk predikat iku. Taun ngarep awak dewe yakin isok meraih iku," jare Antonius Agus Rahmanto nang Polres Pelabuhan Tanjung Perak, Rabu (5/12). Pihake wes ngelakoni beberapa upaya gawe bangun zona integritas iku. Jarene Agus, di antarane perbaikan pas pelayanan publik, sarana, prasarana lan pola pikir kerja anggota, karo kenyamanane masyarakat mengurus SKCK lan perbaikan layak panggon tahanan. Selain iku, beberapa program Perak Bisa sebagai kegiatan seng ngelibatno masyarakat langsung sebagai upaya kedekatan polisi lan masyarakat. "Awk dewe yo bertahap memperbaiki ruangane awak dewe, panggon seng layak gawe tahanan, ruangan gawe nyusoni utawa dulinane arek cilik-cilik. Dadi para pemohon SKCK utawa kepentingan liyane isok nyaman. Awak dewe yo nyampur nang masyarakat ben ngerti masalahe mereka. Awak dewe yo pingin dadi dulur seng apik," jarene dee. Selain iku, pihake njaluk masyarakat gawe turut mewaspadai lan ngelaporno lek onok pelanggaran seng dilakoni nang wilayah hukum Polres Pelabuhan Tanjung Perak. Dadi, bentuk pelanggaran seng dilakoni anggotane bakal diberlakukno hukuman (punishment). "Menjalankan sesuai aturane, pastine onok penghargaane. Kewalikane, lek nyimpang utawa nyalahi lan gak njalano opo seng wes diatur, pastine onok hukumane, pungkasane.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU