Udan Deres, Wit nang Rungkut Tumbang

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 21 Jan 2019 11:08 WIB

Udan Deres, Wit nang Rungkut Tumbang

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Udan deres disertai angin nggarai wit tumbang nang dua lokasi daerah Rungkut, Surabaya, Minggu (20/1). Lokasi pertama yoiku nang Jalan Medokan Ayu, Rungkut, Surabaya. Pas pukul 16.00 WIB, tiga wit angsana tumbang lan nimpa truk Colt Diesel Nopol E 8131 GB sing terparkir nang sisi bahu dalan. Gak onok korban jiwa nang peristiwa iku, mek truk alami rusak ringan nang bagian atap. Adakno, panggon ke loro yoiku Jl Medokan Sawah Timur, Rungkut, Surabaya. Sebanyak limo wit sono tumbang sekitar pukul 17.00 WIB. Posisi Wit Sono sing tumbang onok nang sisi lor ceblok nang sisi kidul melintang nang tengah Sungai Kebon Agung. Akibate batang Wit Sono iku mutus kabel lampu penerangan dalan umum. Dadi nang sepanjang Jalan Medokan Sawah Timur peteng, soale lampu PJU mati. Saiki wes teko Petugas Dinas Kebersihan dan Ruang Terbuka Hijau (DKRTH) Surabaya gawe ngelakoni pemotongan lan pemindahan wit tumbang. Anggota Polsek Rungkut wes teko nang panggon gawe ngatur lalu lintas sing sempet tersendat. Jarene Munib, Koordinator Pekerja DKRTH Surabaya sing onok nang panggon, ukuran wit sing gede cukup nggarai bingung petugase. "Awak dewe nagnggo truk gawe narik wit tumbang, trus awak dewe motong cilik-cilik," jarene. Gawe normalisasi PJU sing mati, pihake wes berkoordinasi karo petugas terkait. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU