TKD Nyambut Positif Debat Pilpres seng Digelar nang Surabaya

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 03 Des 2018 09:18 WIB

TKD Nyambut Positif Debat Pilpres seng Digelar nang Surabaya

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Tim Kampanye Daerah (TKD) Joko Widodo (Jokowi)-KH Maruf Amin Jawa Timur nyambut positif mergo kape ngelakoni debat pilpres nang Surabaya. TKD Jatim ngomong, hal tersebut yo dadi penyemangat gawe tim nang daerah ben isok kerjo luweh keras. "Kabar seng apik lan awak dewe siap gae nyuksesno debat capres nang Surabaya," jare Direktur Penggalangan Pemilih Pemula TKD Jatim M. Wendik Arifiyanto, Minggu (2/12). Komisi Pemilihan Umum (KPU) RI nyampekno kemungkinan debat capres dilakoni gak nang Jakarta tok, nanging yo nang Surabaya sebagai salah satu opsi. Pemilihan panggon dimaksudno ben tahapan debat gak fokus nang ibu kota tok, dadi nang daerah liyo yo ngerasakno suasana debat capres lan cawapres seng sesuai karo pembahasan seng digelar ping limo pas masa kampanye. Wendik ngomong, keputusan KPU RI iku terobosan seng apik pastine ngekei penyemangat gawe tim kampanye ben kerjone luweh giat. "Kudu didukung lan awak dewe yakin tim pemenangan masing-masing pasangan calon nang daerah sangat siap. Opo maneh Surabaya adalah kutha gede lan kabeh-kabehe wes onok," pungkasane. Wendik kepingin rencanae iku terealisasi, lan debat capres-cawapres gawe Pilpres 2019 berjalan luweh menarik, dadine warga semakin yakin karo pasangan seng arepe dipilih. "Khusus TKD Jatim, awak dewe yo sangat optimistis soale Jatim iki basise partai koalisi. Mugo-mugo opsi Surabaya dadi panggon debat capres benar-benar dilakoni," jarene.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU