SSC : Bayu Paling Dikenal nang Kalangan Milenial

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 11 Jan 2019 10:50 WIB

SSC : Bayu Paling Dikenal nang Kalangan Milenial

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Bayu Airlangga disebut sebagai calon wali kota Surabaya paling dikenal nang kalangan milenial dalam survei Surabaya Survey Center (SSC). Riset lembaga iki nempatno menantu Gubernur Jatim Soekarwo iki sebagai tokoh arek enom paling populer. Selain Bayu, tokoh muda liyane seng mlebu nang riset lembaga survei yoiku M Habibur Rahman, M Abid Umar, lan M Nur Arifin. Dalam pola survei popularitas seng dilakoni karo SSC iku, jenenge Bayu Airlangga nempati posisi pertama nang kalangan millenial. Ketua Muda Mudi Demokrat iki entuk raihan 26,6 persen sebagai sosok paling dikenal nang kalangan muda. Tokoh enom liyane, Habibur Rahman nempati posisi kedua tingkat dikenale dengan 14,8 persen. Lalu, M. Abid Umar karo M. Nur Arifin dengan 13,4 persen. Muncule tokoh enom dalam bursa Pilwali Surabaya 2020 direspons pengamat komunikasi politik Unair, Yayan Sakti Suryandaru. "Iki indikasi apik. Publik saiki cenderung seneng hal seng anyar nang pemerintahan," jarene Yayan, Kamis (10/1). Yayan ngaitno kecenderungan iku karo pola Pilgub Jatim 2018. Wagub Saifullah Yusuf utowo Gus Ipul seng petahanane isok dikalahno penantange, Khofifah Indar Parawansa. Iki bukti masyarakat butuh perubahan. Bayu Airlangga pas dikonfirmasi ngehargai hasil survei SSC. Tapi, urusan Pilwali kabeh bergantung mekanisme partai. "Aku taat karo partaiku. Tapi saiki aku jek fokus nang Pileg sek," jarene Bayu seng sisan nyaleg. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU