Remaja Teko Tuban Tewas Digepuk’i nang Gresik

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 10 Des 2018 10:06 WIB

Remaja Teko Tuban Tewas Digepuk’i nang Gresik

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Alex warga Desa Telo, Kecamatan Grabakan, Kabupaten Tuban tewas sak marine digepukI segerombolan wong. Polisi ngomong, pelaku lan korban sempet tukaran nang area parkir Kantor NU Gresik. Remaja 14 taun iku ngalami luka parah nang ndase soale digepuki kanggo watu paving. Kasubdit Jatanras Polda Jatim, AKBP Leonard M Sinambela njelasno penganiayaan sampek nggarai korban meninggal terjadi nang mburine parkiran Kantor PC NU Kabupaten Gresik. Pengeroyokan iku barengan karo bubaran bal-balan antara Persebaya ngelawan PSIS Semarang, Sabtu (8/12). "Korban sempet entuk perawatan medis. Korban meninggal pukul 21.00 WIB nang RS Ibnu Sina Gresik," jarene, Minggu (9/12/2018). Leo ngomong, teko keterangan saksi seng koncone korban sisan, Candra (16), mereka pas iku barengan 30 wong teko Tuban kape nang daerah Kebomas Gresik. Korban numpang truk terus mudun nang ngarepe Rumah Makan Padang Gelora Indah Jl. Dr. Wahidin SH, Desa Dahanrejo, Kebomas, Gresik. Korban barengan karo koncone lan malku menuju traffic ligth lawang exit tol Kebomas. Nang tengah-tengah dalan pelaku seng jumlahe pitu wong iku moro-moro nekani saksi lan nakoni korban. "Pelaku ngejak korban nang area kantor NU nang kono sempet gelut berujung pengeroyokan sampek nggarai korban meninggal," jarene. Jarene kata Leo, amergo gak isok balek saksi barengan karo rombongane berupaya nggoleki korban. Nanging, korban ditemukno wes nggeletak bersimbah geti nang area parkiran kantor PC NU Gresik. "Korban ngalami luka nang bagian ndas karo rai," pungkasane. Ditambahno, saksi ngelaporno kejadian iku nang anggota Polsek Duduk Sampean seng pas iku ngelaksanakno tugas pengamanan bubaran pam bal-balan nang lawang keluar Tol Kebomas. Korban kemudian dievakuasi nang RSUD Ibnu Sina Gresik. "Awak dewe ngamanno barang bukti watu paving seng jek onok bercak getih seng diduga gigawepelaku nganiaya korban," pungkasane.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU