Rektor Unair : Angele Audit BPK Gawe Peneliti

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 26 Nov 2018 14:13 WIB

Rektor Unair : Angele Audit BPK Gawe Peneliti

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Persoalan auditing karo Badan Pemeriksa Keuangan (BPK) selama iki jek dadi masalah bagi peneliti nang lingkungan perguruan tinggi. Rektor Universitas Airlangga (Unair), Prof Moh Nasih, ngomong, nganti saiki auditing jek apik dilakoni, nanging selama iki sosok auditor rodok medeni gae para peneliti. "Mergo selama iki proses auditing sek dalam aspek administratif. Dadi awak dewe seng bergerak nang pelayanan publik keentekan akeh wektu gae nyiapno administratif. Mulai teko wulan awal nganti akhir wulan. Bahkan pas katene akhir ben wulan onok auditing," jarene pas pengukuhan Guru Besar Bidang Ilmu Ekonomi karo spesialis audit keuangan negara, Prof Harry Azar Azis nang Aula Garuda Mukti Kampus C Unair, Senin (26/11). Auditing, diharapno entuk orientasi ekonomis, efektif lan efisien. Guduk perkoro administratifnya, nanging substansine. "Auditing muncul revolusi industri 1.0, nanging erane wes berkembang. Dadi kudune auditing meloki perkembangane sisan. BPK wajib dorong ben berinovasi,"pungkasane. Gak mungkin, lanjute, nang institusi seng berorientasi layanan publik onok upaya nyugihno awake dewe karo target substansi seng kudu dipenuhi. Ide lan gagasan kaitane karo kesejahteraan dadi fokus auditing, sehingga kudune dadi catetan penting. Ojok sampek para peneliti wedi ngelakoni penelitian inovasi anyar mergo gak isok menuhi administratif engkok. "Awak dewe sangat berharap bakal onok berbagai macem kajian, telaah sehingga format pemeriksaan menjadi efektif, efisien lan ekonomis. Unair berupaya dadi pengkaji auditing era revolusi industri 4.0," pungkasane. Terkait pengukuhan guru besar, Proh Moh Nasih ngungkapno bahwa Prof Harry wes mengkaji, audit negara selama iki berpusat nang hasil akhir pertumbuhan ekonomi. Padahal gak kabeh daerah karo pertumbuhan ekonomine iki nduwe kesejahteraan masyarakat seng duwur. "Audit keuangan kudu mulai nganyari konsepe seng isok ngewakilno kepentingan rakyat," jarene. Ide audit seng berkonsentrasi nang kesejahteraan warga iki, Unair karo Prof Harry bakalan isok ndorong BPK gae ngubah konsep audite.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU