Ramalan Cuaca Surabaya Senin 26 November 2018

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 26 Nov 2018 09:16 WIB

Ramalan Cuaca Surabaya Senin 26 November 2018

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Prakiraan cuaca gawe wilayah Surabaya edisi Senin (26/11/2018). Badan Meteorologi Klimatologi dan Geofisika (BMKG) ngeluncurno daftar prakiraan cuaca gawe wilayah Surabaya. Didelok teko situs resmi BMKG, kondisi cuaca Surabaya gae isuk iki jek cerah berawan. Nanging kondisi iku ganti pas awan, mergo diprediksi onok udan lokal. Kemudian pas sore bakalan onok udan dibarengi karo bledek. Suhu udara nang Surabaya kiro-kiro 25-35 derajat celcius. Bedo karo Surabaya, Gresik didominasi karo udan lokal seng mudun teko awal nganti dini hari. Selain iku, beberapa panggon nang Jawa Timur diprediksino bakalan onok udan lokal lan udan dibarengi bledek. Berikut iki kondisi cuaca kanggo berbagai daerah nang Jawa Timur Senin (26/11/2018). Kondisi udan dibarengi bledek diprediksi onok nang Batu, Bondowoso, Jombang, Kabupaten Blitar, Kabupaten Kediri, Kabupaten Malang, Kabupaten Mojokerto, Kutha Malang, Kutha Mojokerto, Nganjuk, Pamekasan, Sidoarjo, Situbondo, Sumenep. Sementara udan lokal bakal diprediksi onok nang wilayah Bangkalan, Banyuwangi, Batu, Bojonegoro,Jember, Kabupaten Madiun, Kabupaten Malang, Kabupaten Pasuruan, Kabupaten Probolinggo, Kutha Blitar, Kutha Kediri, Kutha Madiun, Kutha Pasuruan, Lamongan, Lumajang, Magetan, Ngawi, Pacitan, Pamekasan, Probolinggo, Sidoarjo, Situbondo, Sumenep, Trenggalek, lan Tuban.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU