Proyek RPH Krian Sidoarjo Molor

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 10 Jan 2019 11:03 WIB

Proyek RPH Krian Sidoarjo Molor

SURABAYAPAGI.com, Sidoarjo - Proyek-proyek pembangunan seng molor dadi sorotan Bupati Sidoarjo Saiful Ilah. Di antarane yoiku proyek pembangunan gedung RPH (rumah potong hewan) modern nang Krian, Sidoarjo. Menurut Bupati Sidoarjo, Saiful Ilah, teko evaluasi seng dilakoni, progres pembangunan RPH modern nang Krian jek ket berjalan sekitar 77 persen. Guduk 85 persen koyok pas dee sidak mrono nang akhir tahun wingi. "Adakno jek ket 77 persen tok, iki berdasar evaluasi seng wes dilakoni," jarene Bupati. Pihake kepingin, dinas utowo kontraktor seng ngerjakno ndang nuntasno pembangunan iki. Dadi rencana pembangunan tetap berjalan koyok seng direncanakno. Proyek iki didanai karo APBD tahun 2018 dengan anggaran cukup gede, mencapai Rp 8 miliar. Tapi sampek masa anggaran entek, adakno pengerjaanne gurung rampung. Pantauan nang panggon, proyek iku sek ket dikerjakno. Beberapa pekerja ketokane sibuk beraktivitas nang bangunan seng gurung diaci, Gurung onok paving, Gurung onok pengecatan, listrik, drainase, lantai, lan seng liyan-liyane. Artine, mbasio wes ngelewati masa anggaran 2018, Gurung onok pemutusan kontrak teko dinas nang perusahaan penggarape. Proyek sek mlaku nang tahun 2019. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU