Pro Kontra Revitalisasi Kota Tua

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 21 Jan 2019 10:46 WIB

Pro Kontra Revitalisasi Kota Tua

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Kepala Bappeko Surabaya Eri Cahyadi ngomong, sing milih warna cat nang sepanjang Jalan Panggung yo warga Suroboyo dewe. Pemkot sing guduk pemilik bangunan dikatakan Eri ngekei kebebasan lan pilihan nang warga gawe menghendaki omahe dicat karo warna opo. Warga sing mutusno warna sing mereka pilih trus ngelapor nang pemkot lan dikei cat sesuai keinginanne. Cat iku disediakno karo tiga perusahaan cat sing ancen berpartispasi nang bentuk penyaluran CSR. Bagi Pemkot, hal iku guduk masalah. Sing luwih penting lan diutamakno yoiku masyarakat gak resisten karo rencana Pemkot nata kawasan Kota Tua. "Gawe awak dewe ojok onok resisten. Tapi yaopo pemilik bangunan iku gelem nerimo awak dewe mlebu gawe ngelakoni penataan, masang PJU, bangun pedestrian karo menata kawasan kono, opo maneh bangunan iku guduk nggonane awak dewe," jare Eri. Tapi, dee ngakoni warna bangunan nang Jalan Panggung nang ngarep bakal berubah. Hal iki diakui ancen sak marine onok pro kontra terkait pewarnaan nang masyarakat khususe teko kalangan pemerhati. Menurute, dee malah bersyukur karo onoke pro kontra iku, masyarakat nang Jalan Panggung yo bakal ero endi warna sing gak keliru lan menuhi estetika. "opo maneh lek engkok warga Jalan Panggung mbandingno karo hasil nang Jalan Karet lan Jalan Kembang Jepun. Sing katene awak dewe desain disek, lan awak dewe mock up lan awak dewe sosialisasikno disek," jarene Eri. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU