Polisi Nggolek’i Mucikari Ketiga

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 08 Jan 2019 11:45 WIB

Polisi Nggolek’i Mucikari Ketiga

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Penyidik Subdit V Siber Ditreskrimsus Polda Jatim sampek Selasa (8/1), berupaya nangkep DPO diduga bos mucikari seng berperan dadi wong ketiga penghubung prostitusi artis karo tamune. Kabid Humas Polda Jatim, Kombes Pol Frans Barung Mangera njelasno, pihake terus ngelakoni penyidikan karo dua tersangka mucikari Endang (37) lan Tantri (28) terkait kasus prostitusi terselubung seng diduga ngelibatno puluhan artis ayu. Penyidikan iku dilakoni gawe ngelacak keberadaan terduga mucikari prostitusi artis seng ditengarai dadi pihak ketiga penghubung artis VA. "Sek diburu DPO wong seng diduga mucikari terlibat prostitusi seng ngelibatno publik figur," jarene nang Mapolda Jatim, Selasa (8/1). Barung Mangera ngomong kejahatan prostitusi daring ngelibatno artis seng diduga dadi langganan pengusaha sugih nang kalangan konglomerat sampek pejabat iku adakno jaringan terputus. "Terhitung telung dino awak dewe ngelakni penyidikan kasus prostitusi online iki onok tahapanne termasuk nangkep DPO iku, " jarene. Barung Mangera ngomong, Gurung isok nyampekno iku soale wes mlebu nang ranah penyidikan. "Awak dewe gak isok ngomong, seng jelas anggota wes nyebar nggolek DPO iku (terduga mucikari)," pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU