Polda Nangkep Arek Pengedar Narkoba nang Sidoarjo

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 28 Jan 2019 11:55 WIB

Polda Nangkep Arek Pengedar Narkoba nang Sidoarjo

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Anggota Subdit I Direktorat Reserse Narkoba Polda Jatim nangkep dua pengedar narkoba nang kawasan Jalan SD Kedung Rejo, Waru Kabupaten Sidoarjo. Siji teko dua tersangka pengedar narkoba iku adakno jek arek di bawah umur. Dua tersangka pengedar narkoba iku YS alias otong (17) warga Jalan SD Kedung Rejo Kebupaten Sidoarjo karo tersangka Dany Dwi Pratama alias Kopiko (33) warga Jalan Kertanegara, Kelurahan Sawotratap, Kecamatan Gedangan Sidoarjo. Diresnarkoba Polda Jatim, Kombes Pol Sentosa Ginting Manik, ngomong kedua tersangka terciduk kedapatan nduwe enem poket sabu-sabu. Mereka diduga katene ngedarno sabu-sabu iku kanggo pembeline sing berkomunikasi lewat seluler. Awak dewe nemukno enem poket sabu-sabu seberat 5, 57 gram teko tersangka, jarene nang Mapolda jatim, Minggu (27/12). Ginting nyebutno, teko penangkapan iku pihake nyita barang bukti berupa sabu-sabu siap edar nggone tersangka Dany Dwi Pratama lan satu Handphone, satu unit timbangan elektrik karo duwik Rp 160 ribu nggone tersangka YS. Penangkapan tersangka iku teko informasi internal sing dipimpin Kanit 2 Subdit I Kompol Gusti Bagus ambek anggotane nganti nagkep kedua tersangka pengedar narkoba. Kedua tersangka disangkakan Pasal 112 (1) utawa Pasal 114 (1) jo Pasal 132 (1) UU Nomor 35/2009 tentang Narkotika. "Kedua tersangka diduga mlebu jaringan pengedar narkoba nang Surabaya, awak dewe sek nyelidiki potensi iku," pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU