Pohon Tumbang nang Taman Prestasi

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 17 Jan 2019 11:17 WIB

Pohon Tumbang nang Taman Prestasi

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Mobil pikap tertimpa pohon nang Taman Prestasi, Surabaya, Rabu (16/1) petang. Kejadian iki berlangsung pas udan deras lan angin rodok banter. Untunge, dua penumpang pikap selamet tanpa luka-luka. "Aku teko Jalan Cempaka kapene nang Semut Kali, terus mandek nang kene sak dilut kapene telepon, mbaringono gak suwe pohon langsung tumbang nang ndukure mobil pas awak dewe katene ngaleh," jare M. Muad, pengemudi pikap. Kejadiane sekitar pukul 16.00 WIB iku berlangsung cepet, sak marine pohon tumbang, sejumlah petugas DKRTH, Limas, lan Satpol PP langsung nang lokasi lan ngelakoni perapian pohon. "Anginne rodok banter, pengendara ancen kudu ati-ati pas mandek cideke pohon gede-gede," pesane salah siji petugas DKRTH sambil ngerapikno pohon tumbang. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU