PMK Simulasi Tanggap Bencana nang 154 Kelurahan

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 04 Jan 2019 11:23 WIB

PMK Simulasi Tanggap Bencana nang 154 Kelurahan

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Ket tahun iki Dinas Pemadam Kebakaran (PMK) Kota Surabaya sosialisasi sekaligus simulasi tanggap bencana kebakaran nang 154 kelurahan sak-Surabaya. Dalam simulasi iku warga sisan diajarno madamno geni lewat video. Kasi Peningkatan Kapasitas Aparatur & Peran Serta Masyarakat PMK Surabaya Deni Irfandi ngomong, onok telu program seng bakalan disosialisasikno gae masyarakat. Telu program iku, pembuatan Struktur lan pembagian tugas pemadaman pas onok kebakaran. Nang tingkat RW utawa kelurahan bakalan dibentuk empat struktur tugas, meliputi; Koordinator, petugas evakuasi, petugas ngehubungi pihak PMK, karo petugas pemadaman geni. "Awak dewe gae sistem struktur semacam iku ben warga isok ngelakoni tanggap darurat dewe," jarene, Kamis (3/1). Trus, pembuatan video vlog utowo tutorial pemadaman lan pencegahan kebakaran. "Awak dewe bakalan gae video seng gampang dipahami, ben isok disebar nang jejaring grup medsos warga," lanjutane. Selanjute bagikno alat pemadam api ringan (APAR) gratis. "Sisan sosialisasi awak dewe bakalan bagikno APAR nang kelurahan-kelurahan lan diajarno cara gawene," pungkasane. Saiki PMK Surabaya, jarene Deni, sek nggodok materi penyuluhan seng bakalan disampekno gawe masyarakat. "Awak dewe gae nyesuaino ambek kasus kebakaran seng tau onok nang panggon, misale, permukiman padat penduduk, pastine bedo karo perumahan," lanjut Deni. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU