Petugas Dishub Bakal Njogo Perlintasan KA

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 23 Jan 2019 11:30 WIB

Petugas Dishub Bakal Njogo Perlintasan KA

SURABAYAPAGI.com, Surabaya Gak onok maneh polisi Cepek utowo Pak Ogah nang perlintasan kereta api nang Jl Ketintang arah kampus Unesa. Sebagai gantine bakal ditempatno petugas resmi teko Dishub Kota Surabaya gae njogo jalur perlintasan iku. Manajer Humas PT KAI Daop 8 Surabaya, Suprapto, ngomong lek pihake nyerahno sepenuhe karo keputusan Pemkot Surabaya atas rencana penempatan petugas khusus penjaga perlintaan KA iku. "Ancen iku wewenang pemkot utowo Dishub soal petugas palang pintu. Sesok bakalan dirapatno karo KAI, Pemkot, Polsek, lan warga gawe ngerencanakno penempatan petugas Dishub nang perlintasan Ketintang," jare Suprapto, Selasa (22/1). Jalan Ketintang termasuk salah satu jalur perlintaan KA sing gak onok penjogone. Tapi, nang jalur rame kendaraan lan padat penduduk iku wes dipasang palang pintu otomatis. Pas katene onok KA lewat, otomatis palang pintu iku bakal nutup. Tapi, ben onok sejumlah Pak Ogah sing beroperasi nang perlintasan palang pintu iku. Keberadaan petugas palang pintu nonpegawai utawa swadaya masyarakat iku mesti dikeluhno. Pas kondisi macet sak marine KA melintas nang Perlintasan KA iku, petugas swasta iku gak isok ngatasi ruwete kendaraan. Pengguna dalan nyambut positif lek onok Petugas Dishub sing bakalan njogo lan ngatur lalu lintas nang perlintasan Jl Ketintang iku. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU