Penjara Kalisosok: Penjara Roso Neroko

author surabayapagi.com

- Pewarta

Minggu, 06 Jan 2019 20:43 WIB

Penjara Kalisosok: Penjara Roso Neroko

Dulur, sampeyan eruh ga lek neng Suroboyo iki ono siji penjara seng jamane Kompeni mbiyen diarani penjara paling angker? Lek wes moco judule pasti wes iso mbedhek. Yo, penjara Kalisosok iki mbiyen penjara seng paling angker. Guduk gara-gara onok dhemit e, tapi gara-gara mbiyen akeh tahanan disikso. Ga terimo disikso lahir batin, tapi sak kejiwaane yo disikso. Piye cerita ne kok Kalisosok iso koyok ngunu? Nah, monggo disemak rumiyin. Penjara Kalisosok iki ancen wes ga digawe maneh neng jaman modern. Tapi neng jaman Kompeni, penjara iki bener-bener fungsi. Gubernur Hindia Belanda seng terkenal, Herman Willem Daendels, ora cuma iso ngrencanakno Jalan Raya Pos, tapi yo senengane mbangun karya seng heboh koyok dalan iku mau. Penjara Kalisosok iki yo salah sijine karyane Daendels. Pembangunan Kalisosok dimulai tanggal 1 September 1808. Pas iku anggarane 8000 Gulden, tapi mbarengono membengkak dadi uakeh. Sejarah jeneng Kalisosok Asale soko jeneng Kampung Sosok seng panggone neng Kampung Kebaten lan dalan seng mbiyen jenenge Schripeen Steeg. Neng wilayah iku onok telu gang jenenge Kalisosok. Nah, penjara iki letake neng daerah Kalisosok, tepate Kalisosok 3 neng Jalan Werfstraat Gevangenis (Penjara Jalan Werf). Sebabe wong Jowo ora iso ngomong Werfstraat Gevangenis, akhire Penjara iku jenenge Kalisosok. Saking ngeri lan ketat e penjagaane penjara Kalisosok, suatu wektu onok pemimpin penjara Kalisosok pidato neng ngarepe para tahanan. Pidato iku singkat. Jare wong Londo iku: Neng kene mung ana rong pintu seng menghubungkan karo ndunyo liya: seng pertama pintu seng awakmu kabeh mau podo melbu. Pintu nomer loro, yen awakmu iso mblayu utawa lolos soko Kalisosok iki, awakmu pasti mati. Mayitmu bakal dideleh neng Pintu Selatan. Cuba poro dulur iki mbayangno. Rong pintu: pintu pertama iku pintu masuk, pintu nomer loro pintu neng dunia lain alias akherat! Ruang Stempel Onok siji ruang terkenal neng penjara Kalisosok jaman mbiyen, jenenge ruang stempel. Ruang aneh iki fungsine gawe menghukum para napi opo tahanan seng mbeling. Yen wes kecekel amarga mbeling, wong iku mau diseret neng ruang stempel, terus tangane wong iku mau distempel karo wesi seng naudzubillah puanase! Bayangno iku lur. Bayangno yen iku diterapkno karo KPK. Sopo wae seng tau melbu? Presiden Soekarno mbiyen yo tau melbu Kalisosok. Selain iku onok tokoh Muhammadiyah, KH. Mas Mansur, WR. Supratman, lan HOS Tjokroaminoto yo tau ndekem neng penjara iki. Saiki Kalisosok wes ga koyok mbiyen. Wes ga angker, tapi mbuh saiki digae opo lan dikelola sopo. Cuma penjara Kalisosok iki wes dadi ceria tampilane, akeh gambar mural lan warna warni.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU