Penerbangan Lion Air Surabaya-Balikpapan Sempet Ketunda

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 13 Des 2018 15:25 WIB

Penerbangan Lion Air Surabaya-Balikpapan Sempet Ketunda

SURABAYAPAGI.com, Sidoarjo - Taxiway utawa jalan penghubung antara runway karo apron nang Bandara Juanda Sidoarjo ngalami penurunan permukaan alias ambles Akibate, pesawat Lion Air Boeing 737 - 900 ER tujuan Surabaya - Balikpapan dengan nomor penerbangan JT 264 ngalami stuck nang roda mburi pesawat. Pesawat karo nomor registrasi PK-LHW gak isok ngelanjutno perjalanan. Communication and Legal Section Head Bandara Juanda, Yuristo Hanggoro ngomong lek kejadian iku temenan. Dee njelasno pesawat seng isine penumpang 195 wong karo 7 kru ngalami stuck, Rabu (12/12) pada pukul 09.20 WIB. "Sak marine entuk laporan kejadian, pihak Bandara langsung koordinasi karo Ground Handling gawe njaluk kendaraan towing ndorong pesawat mbalek nang apron," jarene, Kamis (13/12) Dee njelasno pesawat iku akhire isok ditokno teko posisi stuck pukul 09.38 WIB. "Kemudian pukul sekitar 10.00 - 11.00 WIB, para penumpang dimudunno mbalek nang terminal gawe ngelanjutno penerbangan nggawe pesawat Lion Air liyane," pungkasane. Yuristo sisan njelasno pas kejadian iku gak onok korban terluka. Penumpang liyane kabeh mbalek ngelanjutno penerbangan nang panggon tujuan. "Gak onok seng ngelakoni refund utawa ngelakoni cancel penerbangan," pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU