Pencapaian Gede Persebaya Onok Peran Penting Bonek

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 11 Des 2018 11:38 WIB

Pencapaian Gede Persebaya Onok Peran Penting Bonek

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Kompetisi Liga 1 2018 sudah berakhir, Persija Jakarta metu dadi pemenang, sementara Persebaya Surabaya finish nang posisi limo karo bekal 50 poin, selisih 12 poin ambek juara Liga 1, Persija Jakarta. Tentang capaian positif Persebaya, disampaikno karo pelatih Persebaya, Djadjang Nurdjaman, selain kerja keras pemain nang lapangan, pelatih asal Majalengka iku ngeroso lek peran penting Bonek seng men-support Persebaya. Mangkakno iku, mantan pelatih Persib lan PSMS Medan iku kepingin, nang musim kompetisi seng bakal teko, dukungan Bonek gak berkurang, opo maneh dee kepingin lek isok luweh teko iki. Aku tetep ngejak ben Bonek luweh apik maneh mbasio aku wes sangat ngerasakno lek Bonek saiki luweh tertib lan elegan, nanging aku yakin jek isok luweh apik maneh, jarene, Senin (10/12). Hal seng podo yo disampekno karo manager Persebaya, Candra Wahyudi. Bonek saiki wes berubah dibandingno taun-taun sak durunge. Wes luweh positif ndukung Persebaya. Rong taun terakhir, pas awak dewe nang Liga 2 lan Bonek luar biasa. Biyen stigma-stigma negatif Bonek uakeh, saiki wes luweh berkurang, mungkin emang jek onok beberapa seng kudu dadi pekerjaan omah Persebaya lan Bonek dewe gawe memperbaiki diri, nanging nang luar iku Bonek wes sangat berubah, jarene Candra. Bonek wes nduwe mekanisme dewe, artine suara mayoritas Bonek wes menuju nang arah positif, dadi pas jek onok oknum di antara mereka seng berbuat negatif, mereka bakalan nyelesekno dewe karo konco-koncone Bonek, tambahane. Mangkakno iku, nang musim seng bakalan teko iki, manajer asal Bojonegoro iku yakin Bonek isok terus berkembang luweh apik teko saiki. Catatan paling positif teko Bonek nang taun iki yoiku ngeraih jumlah suporter terbanyak seng teko nang stadion dari tim-tim liyo nang Liga 1 2018, mencapai angka total 485.231 wong. Bahkan, teko angka tersebut, Stadion Gelora Bung Tomo karo kapasitas 50 sewu seng dadi markas Persebaya full house nang papat laga, yoiku kala jamu Arema FC, Persib, Persija, lan PSIS Semarang. Iki catatan seng sangar, artine publik isok menilai, ket biyen stigma negatif seng koyok opo, nanging saiki Alhamdulilah wes luweh adoh berubah, nang stadion atmosfernya yo wes sangat luar biasa. Aku yakin kabeh tim seng main nang GBT ngerasakno iku lan ngakoni yaopo kedewasaan ambek perubahan teko Bonek. Aku mikire Bonek bakal terus berkembang dadi suporter seng dewasa lan luweh apik, pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU