Home / Sejarah Suroboyo : Pelakor lan mata-mata ternama seng tau tinggal nen

Penari iku Jenenge Mata Hari

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 03 Jan 2019 22:06 WIB

Penari iku Jenenge Mata Hari

Dulur, opo sampean tau krungu seng jenenge Mata Hari? Seng jawab matahari departemen store berarti gak nyimak judule. Jaman mbiyen sekitar taun 1900-an, onok nonik londo seng dijuluki Mata Hari. Ora jelas pancenan lapo kok de e nggawe jeneng Mata Hari, tapi akeh perwira lan pejabat Hindia Belanda kepincut karo dek ne. Lho opo Mata Hari iku huayuuu? Yo sakjane ora. Nanging polahe de e pinter nari Jowo, wong-wong seng gak tau ndeleng tarian Jowo opo maneh wong-wong londo iku, tariane seng diperagakno Mata Hari jan ora enek tunggale. Masa Lalu Mata Hari Mata Hari duwe jeneng asli Margaretha Geertruida Zelle. Dekne lahir tanggal 7 Agustus 1876, neng Leeuwarden, Belanda. Sak marine ibu e seda, uripe Mata Hari dadi suram. Wes ngono bapake yo bangkrut. Dadi uripe Mata Hari pas cilikane gak trimo surem, nanging pueteng ndedet. Wes ngono, pas dekne umur wolu las taun, Mata Hari di drop out teko sekolahe mergane dekne ngencuk karo Kepala Sekolahe. Jek enom, tapi wes buejad (jangan-jangan iki seng jenenge kimcil kepolen). Mata Hari nduwe bojo perwira KNIL jenenge Mayor Rudolph Macleod. Ojok dibayangoi Macleod iku perwira ngguanteng lan gagah. Be e de ancen ngganteng, tapi seng jelas Macleod wes kewut alias tuwek! Mata Hari Sang Penari Mata Hari mbarengono pindah neng Hindia Belanda. Uripe pindah teko panggon siji neng panggon liyane. Tambah suwe Mata Hari mencintai budoyone wong Jowo. Dekne kepincut karo seng jenenge tarian-tarian Jowo. Saking kepincut e, dekne sampai belajar nari neng wong Jowo tenanan (seng jelas wong Jowo penari guduk bakul ayam geprek). Mata Hari nduwe ciri khas dewe yen arepe pentas. Klambi seng digawe mesti semi transparan, trus dekne nggawe tindik. Pokoke tampilane Mata Hari iki jian eksotis: wong londo, nari Jowo, tapi tampilan rodok koyok India. Mata Hari Mati neng Paris Taun 1902, Mata Hari minggat saka Suroboyo neng Eropah. Minggate dekne mergane diarani mata-mata lan berkhianat karo Hindia Belanda. Mata Hari luweh mihak wong-wong pribumi Suroboyo. Pelariane neng Eropah gak mung siji negoro wae, tapi akeh. Tahun 1905 dekne neng Skandinavia gawe manggung tariane. Senajan dadi terkenal neng panggon-panggon Eropah, Mata Hari tetep diburu mergane kemampuane dadi mata-mata lan mbocorke informasi penting wes ga onok tunggale. Puncake, tanggal 15 Oktober 1917, Mata Hari dgiring metu karo Pasukan Legiun Macan, trus dipindahno neng Kastil Vincennes, Paris. Jam 06.15 isuk, dek e dituduh membocorkan rahasia. Gak suwe mbari iku, Mata Hari dibedil. Mata Hari mati tragis koyok nasib e seng sengsoro. Dulur, iki mau cerito asli Mata Hari, agen mata-mata lan penari eksotis paling terkenal seng tau urip neng Suroboyo.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU