Pemkot Surabaya : Wongtuwo Kudu Pinter Njogo Anak!

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 07 Jan 2019 11:15 WIB

Pemkot Surabaya : Wongtuwo Kudu Pinter Njogo Anak!

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Kepala Dinas (kadis) Pengendalian Penduduk, Pemberdayaan Perempuan, dan Perlindungan Anak (DP5A) Kota Surabaya, Chandra Oratmangun njaluk kerjasama ambek wongtuwo. Khususe gawe ngekei pengertian bahaya minuman keras utowo miras nang arek-arek. Dee sisan nambahi gawe wongtuwo nang Surabaya gawe ngawasi anak-anake ben gak kenal karo miras. "Soale minuman iku guduk minuman sehat lan gak pantes dikonsumsi, opo maneh gawe arek-arek. Arek-arek iki tugase mek nyiapno masa depan mereka ben sukses lan nyiapno masa depan bangsa iki, jarene Chandra, Senin (7/1). Ketimbang miras, Chandra ngejak para wongtuwo lan arek-arek Surabaya manfaatno lapangan olahraga lan free wifi seng wes kesebar nang berbagai titik Kota Surabaya. Utowo, meloki kegiatan positif liyane. Ambek cara iku, arek-arek gak sempet mengenal kenakalan remaja. Ayok bareng-bareng ngawasi anak-anake awak dewe, jarene. Ajakan Kadis DP5A terus dilakoni, soale jek onok arek-arek nang Surabaya seng ngonsumsi miras. Sabtu (5/1) lalu, tiga remaja ketangkep sak marine ngonsumsi miras, pukul 04.40 WIB nang Jalan Tanjung Anom, Gubeng, Surabaya karo Satpol PP. Wali Kota Surabaya, Tri Rismaharini seng ero hal iku sempet nyeluk wongtuwo lan pihak sekolah ngekei pendampingan. Dalam nangani kasus iki, Pemerintah Kota (pemkot) Surabaya, berkoordinasi karo pihak Dinas Kesehatan dan Dinas Pengendalian Penduduk, dan Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak (DP5A). sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU