“Pancasila” nang Pola Pikire Pakde Soekarwo

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 03 Des 2018 14:46 WIB

“Pancasila” nang Pola Pikire Pakde Soekarwo

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Gubernur Jatim, Soekarwo, dadi pembicara Seminar Internasional Pancasila nang Shangri-La Hotel, Jalan Mayjen Sungkono, Surabaya, Senin (3/12). Pas kesempatan iku, Pakde Karwo ngomong salah sijine nilai penting seng onok nang Pancasila yoiku musyawarah mufakat. Jarene Pakde Karwo, musyawarah mufakat dadi landasan gawe njupuk keputusan nang berbagai hal ben setiap elemen masyarakat. Soale teko musyawarah mufakat iku, jarene Pakde Karwo isok ngehasilno nilai seng berkelanjutan nang njero kelompok iku. "Nilai iku gak isok dikuantifikasi. Mangkane, voting iku salah sijine bentuk keputusasaan gawe njupuk sebuah keputusan," pungkasane. Dalam musyawarah mufakat iku, lanjute Pakde Karwo, baik tokoh masyarakat lan tokoh agama, TNI lan Polri, ambek pemerintah daerah kudu kompak karo dadi segitiga sinergitas 3 pilar. "Voting iku guduk dalan seng apik, awak dewe nduwe contoh yaopo RSJ Menur lek milih kepala rumah sakit karo sistem voting, pegawaine onok 46 pasiene onok 200 luweh, isok-isok seng dadi kepala rumah sakit yo seng luweh gendeng," guyone Pakde Karwo. Seng luweh penting maneh, nang musyawarah mufakat iku kudu gae politik seng afirmatif lan gunakno pendekatan seng partisipatoris. "Awak dewe kudu memfasilitasi pemikiran rakyat, kudu blusukan sisan ngerungokno suara masyarakat ngisor, soale Pancasila iki sifate inklusif ngerangkul kabeh, guduk eksklusif," pungkasane.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU