Oase, Warkop Kreatif nang Gresik

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 07 Jan 2019 10:44 WIB

Oase, Warkop Kreatif nang Gresik

SURABAYAPAGI.com, Gresik - Warung kopi Oase Gresik manjakno pengunjung karo ngelengkapno ruang baca, ruang diskusi lan ruang apresiasi seni. Soale gawe ningkatno pengetahuan generasi milenial seng hobine nongkrong nang warung. Warung kopi Oase seng digagas, Al Muiz Liddinillah (25), Shihabuddil (25) lan Kokoh Widjayanto(40). Teko panggon seng mendukung gawe peningkatan pengetahuan, dadi diharapno isok micu generasi milenial gawe sinau, moco lan berekspresi. "Dadi konsep warunge iku isok digunakno gawe ruang diskusi, moco buku sampek apresiasi seni," jarene Al Muiz Liddinillah, pas nang warung Oase perumahan Bukit Randu Agung Indah (Brai) Kecamatan Kebomas, Minggu (6/1). Teko warung kopi liyane nang Gresik, pembukaan warung Oase sisan dilakoni karo bedah buku, dadi mugi-mugi isok nambah wawasan gae pengunjung. Konsep warung edukasi ili nyontoh warung Oase seng onok nang kota Malang. "Iki salah sijine cabang teko Oase Malang, seng nduwe konsep Kopi, Literasi lan Library. Dadi, gak mek ngopi, tapi onok edukasine," jarene. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU