Menang Lomba Mancing, Malah Ditukokno Sabu

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 04 Des 2018 14:19 WIB

Menang Lomba Mancing, Malah Ditukokno Sabu

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Residivis jenenge Budi (37) balek maneh dadi tahanan polisi, sak marine ditangkep nang omah kos rekane jenenge Anang (33) nang Jalan Sido Kapasan Simokerto. Kapolsek Simokerto Kompol Masdawati Saragih ngomong, penangkapan iku sak marine polisi entuk informasi lek wong loro iku senengane ngonsumsi sabu. Pas dibuntuti, Budi mlebu nang omahe Anang. Nang kono polisi nggeledah wong loro iku seng bakalan ngonsumsi sabu bareng-bareng. "Time awak dewe entuk informasi kedua tersangka gae sabu. Pas digeledah, ditemoni sabu. Tersangka BD iki residivis ping loro, gak onok kapoke," jarene Kapolsek Simokerto Kompol Masdawati Saragih, Selasa (4/12). Mereka keentukan nyimpen pocket sabu 0,7 gram seng diakoni dituku teko duwek lomba mancing. Sak marine metu teko tahanan sekitar limang wulan wingi, Budi ngakoni tuku sabu teko hasil lomba mancing. "Nganggur. Sak marine mancing menang entuk Rp 1 yuta, aku tuku (sabu) Rp 800 sewu," jare Budi. Narkoba gak buat kapok padahal wes ping loro mlebu nang tahana, kasuse podo pisan. Diakoni, ping papat ngonsumsi sabu bareng Anang. Dee balek maneh ngonsumsi barang terlarang iku sampek akhire balek maneh dadi tahanan polisi nang Polsek Sinokerto. "Pengen ae gae sabu," pungkasane.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU