Lomba Seni Rupa SMA sak-Surabaya nang Semampir

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 24 Jan 2019 11:13 WIB

Lomba Seni Rupa SMA sak-Surabaya nang Semampir

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Kreativitas seni saiki tambah tumbuh nang Kampung Semampir Selatan, Kecamatan Sukolilo, Kota Surabaya. Karang Taruna (kartar) nang Kelurahan iki gak mek ngembangno diri nganti bakat seni mereka bernilai ekonomi. Gak mek akeh orderan gawe pemesanan kaus lewat Merchandise Art Semampir (MAS), tapi mereka yo nularno kemampuan kreatif mereka nang generasi selanjute. Selain nggelar pelatihan seni gawe arek usia sekolah, Kartar Semampir katene ngekei apresiasi khusus gawe siswa SMA sak-Surabaya. "Njaluk dukungane, awak dewe katene nggelar lomba seni rupa antar SMA/SMK sak-Surabaya," jare Eri Setiawan, Rabu (23/1). Gak mek lomba, Kartar lewat MAS sisan katene nggelar workshop nang acara sing podo. Bidikan utama yoiku pelajar SMA sing nduwe bakat nang bidang seni rupa, sing katene dilatih secara khusus. Dalam acara iki engkok, komunitas seni nang Surabaya mendukung penuh sisan acara iku. "Era digital saiki kudu dimanfaatno gawe hal produktif. Kemampuan lan bakat seni sing awak dewe kuasai bakal tambah gede karo dukungan digitalisasi," jare Alan Devata. Akhir-akhir iki, gabungan arek enom kampung iku yo ngejak warga kampung gawe melek digital. Karo komunitas seni liyane lan jaringan Kartar Surabaya, mereka nggelar pelatihan digital marketing. ngejak masyarakat menjadikan gadget gawe hal-hal produktif lan pemasaran. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU