Limo Pemain Anyar Arema FC

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 10 Jan 2019 11:54 WIB

Limo Pemain Anyar Arema FC

SURABAYAPAGI.com, Malang - Sesi latihan perdana Arema FC dipastikno spesial seng katene digelar nang Stadion Gajayana Kota Malang, Kamis (10/1) sore. Sebanyak limo pemain anyar bakal melok sesi latihan bareng Singo Edan. Teko limo pemain, dua pemain asing rencanane mulai melok latihan. Kedua pemain asing anyar iku, yoiku striker asal Brasil Robert Lima Guimaraes utowo seng sering diceluk Gladiator lan gelandang Asia teko Uzbekistan, Pavel Smolyachenko. "Mereka wingi sek nang Singapura, dungakno dino iki isok gabung karo tim," jarene Ruddy Widodo General Manager Arema FC, Kamis (10/1). Selain dua pemain asing, Singo Edan yo kedatangan tiga pemain lokal, mereka yoiku Ikhfanul Alam, Sandi Firmansyah lan Rachmat Latief. "Kabeh pemain anyar Insya Allah bakalan teko gawe melok latihan pedana. Tapi ancen onok beberapa pemain seng izin, diantarane onok nang timnas, Hamka Hamzah karo pemain teko Indonesia Timur," pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU