Layanan Listrik nang Dalan Gubeng Wes Dibenekno

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 20 Des 2018 13:18 WIB

Layanan Listrik nang Dalan Gubeng Wes Dibenekno

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Fasilitas listrik seng terdampak amblese tanah nang Jl Raya Gubeng, Surabaya, wes dibenekno. Sedangkan fasilitas banyu sek terus dikoordinasikno. Wisnu Sakti Buana, Wakil Wali Kota Surabaya jarene, Pemkot Surabaya wes ngelakoni koordinasi karo PDAM lan PLN. "PDAM iki awak dew ewes nyampekno nang konco-konco PDAM, wes ditutup lan mereka wes berusaha nggolek alternatif suplai banyu nang panggon kene. Saiki sek digarap, perhitungan awale pas dino iku awak dewe ngusahakno luweh cepet isok dirasakno gae masyarakat PDAM isok dikontak gawe suplai banyu karo tanki," jarene sak marine melok pertemuan nang Kantor Kompas Gubeng. Wisnu nambahno gawe listrik, wes gak onok masalah, soale suplai wes dipindahno ket wingi. "Langsung wingi, dadi wes nyala ket wingi," pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU