Kapolres Nemukno Barang iki Pas Blusukan

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 28 Jan 2019 11:04 WIB

Kapolres Nemukno Barang iki Pas Blusukan

SURABAYAPAGI.com, Gresik Polres Gresik ngelakoni cipta kondisi karo blusukan nang warung-warung lan meriksa kelengkapan dokumen kendaraan. Hasile, operasi iku nemukno puluhan miras nang njero mobil pribadi. Kegiatan patroli razia keamanan dan ketertiban masyarakat (Kamtibmas) dipimpin langsung karo Kapolres Gresik AKBP Wahyu S Bintoro. Operasi Kamtibmas iku diharapno tercipta keamanan lan ketertiban masyarakat pas njalanno libur akhir pekan. Patroli lan razia diakhir pekan iki gawe nyiptakno keamanan, ketertiban nang masyarakat. Sasaranne yoiku kegiatan masyarakat, sing digowo benda tajam, senapan api, miras lan narkoba, jare Wahyu, Minggu (27/1). Selain iku, Wahyu nambahno sasaran liyane yoiku warung-warung lan kafe gawe diperiksa sebab pas preian akhir pekan dikhawatirno onok peredaran miras, narkoba, lan kriminalitas. Sehingga jajaran Polres Gresik karo Polsek Manyar nyisir warung kopi sing buka 24 jam nang wilayah Jl Peganden Kecamatan Manyar. Nang sekitar warung iku nemu mobil avanza warna putih nopol W 1082 CT nggowo miras. Beberapa jenis miras sing digowo yoiku bir 51 botol, botol kosong bekas miras onok 16 botol. Sak marine diperikso, pengendara mobil iku jenenge Frans Bangun, warga Jl Roomo Kecamatan Manyar sing tinggal nang Jl Peganden Kecamatan Manyar, Gresik. Pemilik miras dikenekno tindak pidana ringan (Tipiring), pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU