Jokowi Nyambangi Pasar Ngemplak Tulungagung

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 04 Jan 2019 11:37 WIB

Jokowi Nyambangi Pasar Ngemplak Tulungagung

SURABAYAPAGI.comTulungagung - Presiden Joko Widodo nyempetno blusukan nang Pasar Ngemplak Tulungagung, Jumat (4/1) isuk. Ket selepas subuh, warga barengan karo pedagang wes ngebeki gerbang tengah, sampek nang lorong pasar. Pas Jokowi mudun teko mobil kepresidenan, warga lan pedagang merangsek nyideki Jokowi. Mereka pingin salaman, foto-fotoan bersama utowo mek njupuk gambar presiden. Mlaku alon-alon nyusuri lorong tengah, Jokowi mbelok nang kios berase Kasmani (45), nang kios nomor 4113. Cukup suwi Jokowi omong-omongan karo Kasmani nang kios ukurane tiga kali empat meter. "Beliau takok regane beras lan masalah pasokan," jarene Kasmani, sak marine Jokowi ninggalno kiose. Kasmani njelasno nang presiden, regane beras stabil ket empat bulan wingi. Beras Bulog didol nang rego Rp 8.500 per kilogram, Rp 8.600 per kilogram dan Rp 10,500 per kilogram. Selain iku Kasmani sisan ngedol produk beras premium Rp 9.300 lan Rp 9.500 per kilogram. "Lek nang Tulungagung sek stabil. Beliau pesen, lek isok dipertahanno," tambahane. Sak marine teko Kiose Kasmani, Jokowi menuju lapak ayam potonge Supri (43). Jokowi sempet tuku empat kilogram daging ayam, lan dibagikno nang pembeli seng ketepakan onok nang kiose Supri. Pas iku regane daging ayam potong nang Pasar Ngemplak Rp 32.000 per kilogram. "Tukune empat kilogram, tapi Pak Presiden bayare Rp 250.000," pungkasane Supri. Jokowi ngomong, sak marine peresmian empat proyek infrastruktur nang STIKIP PGRI Tulungagung, regone relatif stabil. Tapi onok kenaikan daging ayam sebesar Rp 1.000 per kilogram, teko Rp 31.000 per kilogram dadi Rp 32.000. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU