Jembatan Ngujang 2 wes Isok Dilewati

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 03 Jan 2019 11:41 WIB

Jembatan Ngujang 2 wes Isok Dilewati

SURABAYAPAGI.com,Tulungagung - Warga Tulungagung nyambut antusias pengoperasian jembatan Ngujang 2, seng melintang nang ndukure Sungai Brantas. Media sosial dibanjiri karo berbagai unggahan kekaguman ambek jembatan anyar iki. Jembatan seng ngehubungno Desa Dukur, Kecamatan Sumbergempol karo Desa Pucunglor, Kecamatan Ngantru Kabupaten Tulungagung iku asline gurung sepenuhe diresmikno. Tapi, pas perayaan tahun baru, Selasa (1/1) wingi, jembatan iki mulai dioperasikno. Tujuanne gawe ngurangi beban nang Jembatan Ngujang 1. Hasile langsung isok dirasakno. Jembatan Ngujang 1 seng biasane sesek karo kendaraan, dadi luwih sepi lan kendaraan melintas dengan lancar. Tali gawe misah lajur seng biasa dipasang nganti sejauh 1 kilometer, saiki mek sekitar 200 meter tok. Jembatan Hanoman saiki sepi berkat onok jembatan Ngujang 2, jarene warga jenenge Agus (31). Jembatan Ngujang 1 ancen sering diomong jembatan hanoman, soale akeh kera liar nang kene. Nang panggon proyek jembatan Ngujang 2 jek onok sejumlah alat berat. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU