Gigolo Endel Peras Pelanggan Rp 700 Yuta

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 21 Nov 2018 11:01 WIB

Gigolo Endel Peras Pelanggan Rp 700 Yuta

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Supriyadi alias Andre alias Lorenszo (29) jek isok endel nang ngarepe Kapolda Jatim, Irjen Pol Lukur Hermawan, nang Gedung Tribrata Mapolda Jatim, Selasa (20/11/2018) awan. Arek lanang teko Tuban iki diringkus karo polisi mergo memeras pelanggane. Dee iku gigolo seng biasane ngelayani lanangan homoseksual nang Apartemen Educity Stanford, Surabaya. "Tarif dalam kota Rp 2,5 yuta, lek nang luar kota isok Rp 15 yuta sampai Rp 20 yuta," jarene Supriyadi. Masalahe, Supriyadi ngerekam adegan mesume karo arek lanang seng dadi pelanggane. Dee ngancem bakal nyebarno videone lek gak dikei duwik Rp 700 yuta. Dadine onok negoisasi sehingga disepakati dadi Rp 500 yuta. Nanging, pelanggan seng diperes iku keberatan setelah sempet transfer Rp 5 yuta. Pas press release, Kapolda Luki sempet ngomong karo Supriyanto. "Awakmu isok ngelayani pelanggan ping piro?" takok Luki. "Sak minggu, aku isok ngelayani orderan sampai ping telu," jare Supriyadi. Teko kono, awak media sempet mesem sak dilut. Luki ngelanjutno pertanyaane maneh. "Awakmu kok kuru?" takok Luki maneh. Supriyadi njawab alon, "Enggeh, pak." "Rodok irengan? Kurang perawatan ta mergo ketangkep?" takok Luki maneh. Ngerungokno iku, Supriyadi mek ngangguk lan ngedipno mripat sambil bertingkah endel utawa kemayu. Sontak, kabeh wong nang kono ngguyu ngakak. Gak suwi bar sesi wawancara, Supriyadi digowo balek nang sel tahanan. Saiki, Subdit V Siber Ditreskrimsus Polda Jatim jek terus mendalami kasus iki.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU