Dua Pelajar SMP Nyambi Jambret

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 11 Des 2018 10:56 WIB

Dua Pelajar SMP Nyambi Jambret

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Dua orang pelajar ketangkep karo polisi soale dadi jambret. Dua pelajar iki inisiale ED (14), warga Bangkalan, Madura, karo AL (15), warga Semampir, Surabaya. Kasat Reskrim Polres Pelabuhan Tanjung Perak, AKP Dimas Ferry Anuraga ngomong, mereka ditangkep sak marine njambret HP nggone pengendara motor nang kawasan Tambak Sari Baru. Sak durunge ketangkep polisi, mereka wes dilumpuhkan karo warga seng ngejer mereka. Pas dikejer-kejer warga, motor Satria FU seng mereka kendarai oleng trus akhire ceblok. Teko catetan kepolisian kedua bandit bocah iku beraksi nang sekitar Kenjeran. "Jek pelajar, onok loro LP (laporan polisi) seng awak dewe terima. TKP nang Kenjeran. Ketelu iki ketangkep lan diamanno barang buktine sisan sak sarana motor karo handphone korban," jare AKP Dimas Ferry Anuraga, Senin (10/12). Dilanjutno Dimas, kedua pelaku nyisir dalanan seng sepi nggolek sasaran korban pengendara motor seng lengah dulinan handphone. Handphone hasil kejahatane iku didol lan diakoni gawe tuku jajan. "Ping loro nang Kenjeran. Ngambil handphone didiol gawe njajan," kata ED. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU