Arek Lanang Meninggal nang Parkiran Apartemen The Peak Residence

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 29 Nov 2018 13:14 WIB

Arek Lanang Meninggal nang Parkiran Apartemen The Peak Residence

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Jenazah Rafif Misbahudin (22) bakalan dimakamkan sak marine shalat jenazah nang Al Fattah samping omahe korban Jalan Sambi Arum 51H no. 10 Sambikerep Kota Surabaya, Kamis (29/11). Rafif Mishbahudin sak durunge ditemukno meninggal nang parkiran Apartemen The Peak Residence Tunjungan Plasa 5, Jalan Basuki Rahmad, Tegalsari Surabaya, Kamis (29/11) dini hari. Pantauan teko lokasine, warga daerah omahe duka mulai teko gawe ngelayat. "Infone kecelakaan tunggal mang bengi nang cideke Siola. iki mau dimakamno sedilut jam 11.00 WIB," jare Sholekah warga sekitar. Sholekah ngomong, warga mulai krungu berita duka sekitar pukul 05.00 WIB, Kamis (29/11). Isak tangis sempet krungu teko omah duka arek lanang seng akrab diceluk Rafif. Jaree tonggone, Rafif dikenal sebagai arek seng sumeh, seneng bersosialisasi lan sesekali pendiam. "Areke apik, gak tau berbuat aneh-aneh. Gak sombong lan rukun karo tonggone," jare Sulastri, warga liyo. Saiki jenazah sek dishalatno lan bakalan dimakamno nang Makam Dukuh Jelidro.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU