Arek Enom Konangan Gowo Sabu-sabu

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 16 Jan 2019 10:48 WIB

Arek Enom Konangan Gowo Sabu-sabu

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Antonius Budiman (26), warga Krukah Kota Surabaya kudu berurusan karo polisi gara-gara ngelakoni transaksi sabu-sabu. Antonius Budiman ditangkep nang sekitar Jalan Menur Pumpungan. Kanit Reskrim Polsek Mulyorejo Ipda Jumeno ngomong, penangkapan iku berkat informasi transaksi sabu sing dilakoni tersangka nang sekitar lokasi. "Awak dewe patroli nang daerah MERR, entuk informasi lek nang Menur Pumpungan sering onok jual beli narkoba," jarene Ipda Jumeno, Rabu (16/1). Pas nekani panggone, polisi mencurigai arek lanang sing gelagate mencurigakan. "Awak dewe selidiki lan entuk ciri-ciri pelaku. Awak dewe nyidekI lan langsung nangkep nang panggone," jarene Jumeno. Tersangka gelagapan disergap polisi sing koyok preman. Dee gak ngiro lek sing teko iku polisi. Saat digeledah, Antonius Budiman mek isok pasrah. Dee kedapatan nggowo barang terlarang iku nang saku katoke. "Digeledah ditemukno sabu nang plastik kecil 0,38 gram. Pengakuanne sekali iki tok," jare Ipda Jumeno. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU