Angin Puting Beliung Terjang 2 Desa nang Kabupaten Malang

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 15 Jan 2019 11:29 WIB

Angin Puting Beliung Terjang 2 Desa nang Kabupaten Malang

SURABAYAPAGI.com, Wajak - Angin puting menerjang Desa Kidangbang lan Desa Bringin nang Kecamatan Wajak, Kabupaten Malang, Senin (14/1) sore. Kasubsi Penanggulangan Bencana PMI Kabupaten Malang, Mudji Utomo njelasno angin putting beliung iku awale pas udan deres lan angin kenceng ngguyur wilayah iku ket pukul 13.30 WIB. Angin kenceng seng dadi angin puting beliung, lan menggulung atap omah sekitar pukul 14.00 WIB. Beberapa wit ceblok, lan genteng omah warga sisan, jarene Mudji. Angin puting beliung iku ngakibatno 16 omah warga rusak ringan. Beberapa batang wit bambu tumbang, lan mengenai atap-atap omah warga. Gak onok korban jiwa utowo luka akibat puting beliung iku. Diperkirakno kerugian akibat puting beliung iku mencapai Rp 15 juta. Onok 12 omah warga nang Desa Kidangbang, lan empat omah warga nang Desa Bringin seng dadi korban puting beliung, jarene Mudji. Pas ero onok angin puting beliung, pihake langsung teko nang panggon bencana. Awak dewe karo warga gotong royong mbersihno wit tumbang seng mengenai omah warga. Rencana selanjute yoiku kerja bakti pembersihan, jare Mudji. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU