2019, 20 Kapal Pesiar Mampir nang Surabaya!

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 28 Jan 2019 11:29 WIB

2019, 20 Kapal Pesiar Mampir nang Surabaya!

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Wali Kota Surabaya, Tri Rismaharini ngomong, Kota Surabaya saiki wes dadi salah satu destinasi wisata. Mbasio gak onok event sing diselenggarakno, tapi mesti onok wisatawan asing sing mampir nang Surabaya. Wali Kota sing sering diceluk Risma iku nyebutno, Surabaya bakal ditekani total sekitar 20 kapal pesiar sing berlabuh nang tahun 2019. "Kota Surabaya iki wes dadi destinasi wisata. Onok 20 kapal pesiar sing katene berlabuh nang Surabaya pas tahun 2019," jare Risma pas nang Balai Kota Surabaya, Senin (28/1). Dee ngomonglek siji kapal pesiar diisi 1.000 nganti 6.000 wong sing teko nang Kota Surabaya, dipastikno onok ratusan ewu wisatawan asing sing teko lewat kapal pesiar. "Iki mbuktikno Kota Surabaya wes dadi destinasi wisata mbasio gak onok event sing digelar," pungkasane. Risma ngakui, Kota Surabaya iki guduk kota sing nduwe keindahan pemandangan alam koyok Bali utawa gunung Bromo. Tapi, dee ngejak warga gawe njogo kabeh sing onok nang Kota Surabaya. Mangkakno iku, Risma ngejak warga Kota Surabaya ben podo-podo njogo kotane ben luwih resik, indah lan nyaman. "Awak dewe kudu njogo ben Kota Surabaya tetap dadi tujuan wisata, lek iku terjadi maka ekonomi bakal berkembang awak dewe isok nggolek rezeki dengan gampang," jare Risma. Selain dadikno kota sing nyaman, resik sisan indah, Risma yo kepingin warga melok dadikno Surabaya kota sing ramah. "Wargane kudu ramah, dadi wisatawan ngeroso koyok nang omah dewe," jarene. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU