10 Mantan Anggota DPRD Kota Malang Tahanan KPK Teko nang Kejati Jatim

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 08 Jan 2019 10:31 WIB

10 Mantan Anggota DPRD Kota Malang Tahanan KPK Teko nang Kejati Jatim

SURABAYAPAGI.com, Sidoarjo - 10 tahanan Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) teko nang Kejati Jatim, Selasa (8/1) isuk. Nang kono, 10 wong terpidana iku ketokane gae seragam tahanan KPK warna oranye karo tangane diborgol. Tahanan liyane ketokane gae masker gawe nutupi wajah trus mlaku sambil nunduk menuju Gedung Kejati Jatim. Kasipenkum Kejati Jatim, Richard Marpaung ngomong, 10 wong iku dititipno KPK nang Kejati Jatim gawe sementara waktu. Richard ngomong, 10 terpidana iku adakno mantan anggota DPRD Kota Malang seng ngenteni gawe diadili nang PN Tipikor Surabaya. "Iyo, 10 wong mantan anggota DPRD Malang," jarene Richard pas dikonfirmasi, Selasa (8/1). Richard nambahno, 10 terpidana KPK iku sek ngenteni proses administrasi rampung. Sak marine masalah iku, rencanane 10 terpidana bakalan dipindahno nang Rutan Kelas I Surabaya nang Medaeng, Sidoarjo. "Negnteni info teko Karutan, iki jek proses administrasi," pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU