1 Juta Wisatawan Dibidik Kunjungi Jatim

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 23 Jan 2019 11:18 WIB

1 Juta Wisatawan Dibidik Kunjungi Jatim

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Jatim nargetno kunjungan wisatawan mancanegara (wisman) pada 2019 mencapai 1 juta wong. Jumlah iki sangat mungkin terealisasi soale luwih dikenale wilayah Jatim nang tingkat dunia. "Iku target sing wes dicanangno Kementrian Pariwisata. Indonesia bakalan mbidik 20 juta kunjungan wisman. Awak dewe optimistis 1 juta wisman bakalan ngunjungi Jatim," jare Kepala Disbudpar Sinarta sak marine peluncuran kalender wisata Jatim nang Kantor Disbudpar Jatim, Selasa (22/1). Saiki aksesbilitas nang tempat wisata Jatim luwih gampang dijangkau. Frekuensi Penerbangan internasional saiki luwih bertambah lewat Bandara Internasional Juanda Surabaya. Gak mek iku tok, Bandara nang Kota wisata baru Banyuwangi saiki sisan membuka penerbangan internasional. Bahkan Januari nganti Februari 2019 iki dibuka promo harga tiket rute Banyuwangi-Malaysia teko sebuah maskapai. Tarife murah teko Rp 250.000. Koneksitas udara iki sing dadi salah sijine pendorong utama mlebune wisman nang Jatim. Mereka bakal gampang ngakses wisata nang Jatim. Sementara pas 2019 iki, kapal pesiar teko Eropa lan Asia sisan bakalan singgah nang Jatim. onok 12 kapal pesiar sing singgah nang Tanjung Perak Surabaya tahun iki. Biasane sak dino, wisman iki entuk kesempatan mlaku-mlaku nang Surabaya lan sekitare. Salah sijine sing dadi sasaran utama wisman teko nang Jatim yoiku menikmati eksotike Bromo lan Tengger Semeru. Selain wisata alam liyane. "Onok maneh sing tertarik karo wisata budaya. Tapi wisata alam tetep sing paling diminati wisman. Gurung bergerak nang objek wisata liyo," jare Sinarta. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU